A.setitekna wacana ing ngisor iki!
main drama iku ateges nindakake peranan tokoh utawa paraga kang ditulis ana sajroning naskah drama mau.supaya bisa nindakake peran iki kanthi apik,narik ati,lan pas,dibutuhake kabisan tartamtu kang kudu disetitekake,umpamane:
-kudu paham sakabehe isi naskah
-kudu paham sakabehe isi naskah
-paham dialog sing diucapke dhewe lan diucapke dening paraga liyane
-paham lan ngurip-uripi(menghayati) karaktere para paraga
-bisa mujudake ekspresi kanthi nges/pas
-bisa ngimbangi dialoge kanca maine kanthiimprovisasi sing pas
-bisa mraktekake dialog saben pemain kanthi pocapan kang cetha vocal lan artikulasime.
B.wacanen naskah drama ing ngisor iki banjur praktekno karo kancamu neg ngarep kelas!
sore iku lastri lagi nyampu latar ngarep wite pelem gedhe.saka kadohan katon ana wong lanang, mlaku bareng karo andari ,kancane tunggal sekolahan.wong loro mau mara ngener omahe.anggonenyapu leren sadhela,karo rada gumun lastri mbagekake tamune.
Andari : Assalamu'alaikum wr. wb.
Lastri : Waalaikum salam, ndengaren sore-sore dolan menyang omahku, ana perlu apa An ?
Oooo, iki bapakmu ya ?
Lik Yanto : (ngelungake tangan ngajak salaman)
Ah. duduk kok, Aku dudu bapake mbak Andari, Aku Lik Yanto. Maaf ya, apa adhimu
ana ngomah ?
Andari : Kula Andari (nampani tangane Lik Yanto). Wonten perlu menapa madosi adhik kula ?
Lastri : Anu ... (Lastri nyedhaki Andari banjur mbisiki lirih).
Andari : (manthuk-manthuk, banjur ngomong, semu banter, mbengoki adhine sing lagi ana mburi
omah). No, ... Parno, ... iki lho digoleki ................. !
Parno : (mara nyedhak neng plataran ngarep omah, sajak rada aras-arasen)
Ana apa ta mbak, sore-sore bengak-bengok kaya wong ra nggenah ............ !
Lastri : Hus, aja saru ! Iki lho ana tamu. Iki Andari, kancaku, wis kenal ta, kowe ? Lha iki
Lik Yanto wingi nembe kelangan dompet isi STNK ..............
Parno : Lho ya embuh ra weruh aku ! Kono sing kelangan, kok malah takon aku. Ya ora
weruh. Wingi, pisan ! Mesthine ya ..............
Lik Yanto : Ngene lho mas Parno, Aku pancen nembe kelangan dompet saisine, klebu STNK.
Pancen kedadeyane wingi awan neng ndalan ngarep kono, bar tuku bensin. Ora ngerti
dompetku ceblok. Ngertiku bareng wis neng ngomah. Sorene ndak baleni nggoleki
neng gone sing dodol bensin barang. Lha jarene Mas Minto, tukang tambal neng pojok
prapatan kae, Nak Parno sing nemu dompet kecer mau .....
Parno : he, sampeyan pun waton ngomong, lho Pak. Nuduh wong nyolong sakenake dewe... !
Lastri : lho......... sik ta.........., sabar ........!
Parno : Wis ta mbak, wong salah kok dibelani. Adhike dituduh nyolong, kok malah kon sabar...!
Iki fitnah lho........... !
Lik Yanto : Iya, sing sabar lho Mas. Ora ana sing nuduh nyolong. Pancen ya ora ana sing nyolong.
Kuwi rak ..........
Parno : Mpun ta, sampeyan genah pun main tudhuh. Ajeng ngajak apa..... ? (anggone celathu,
Parno karo mbrabak abang, tangane nuding-nuding sing dijak rembugan)
Lastri : (sajak ora kepenak karo tamu-tamune, tur ya ora seneng karo sikepe adhike sing
sembrana )
Sik ta No, kowe ya aja sembrono ngono. Aja ngono matur karo tamu.
Apa maneh karo wong sing luwih sepuh......
Kahanan dadi saya panas, Parno sajak tambah muring, sikepe saya briga-brigi.
Lik Yanto ya banjur mrina, weruh kelakuwane Parno.
Untung ana Pak RT sing ndilalah liwat ana ngarep omahe Lastri.
Pak RT : Eeeeeeeeee, ana apa iki? kok dha adu banter lehe omong. Apa pancen lagi latihan main
sinetron, ya? lha sinetron wae kok ya milih sing dha ngumbar padudon. Mbok ya dha milih
crita sing apik, ngono. Sing mendhidhik, aja mung ngoyak rating, kaya tivi wae......
( sing krungu tembung-tembunge Pak RT kepeksa padha mesem, senajan kecut)
Andari : Wah, Pak RT menika lho, kok pinter anggene mbanyol. Ning ya komplit. Sing kene main
sinetron, njur diselani lawak.........